Minggu, 11 Maret 2012

O' God Almighty

Bebasan uripku iki koyo godong jati garing..
kleang kabur kanginan..
pikiran tansah montang-manting..

rasane ati nandang polahe nafsu angkoro, apa pancen wis dadi candraning pepesti..
snajan wis lungguh jejer ning damparing kencana, malah gawe gegesing pepesing jiwa raga..

Gusti.. mugo panjenengan paring kekiyatan angen kulo ngunduh wohing pakerti..

Donyo iki abot sanggane, arep seneng opo susah kuwi ati sing duwi jawabane..

Rekasane awak lungkrah lesu gawe bubrah..

Duh Gusti kang Maha Agung, sejatining kulo nyuwun petunjuk ingkang keluhuran budi lan bagusing akhlak..

Duh Gusti Allah Ta'ala kang dadi penguasa jagad, paringono sabar ingkang kathah,,

Allahu Akbar,

saktenane, kulo mpun mboten kagungan nopo2, kulo cuman nyuwun satunggal yaiku 'penjaga akhlak' (jodoh ingkang mpun digarisne kagem kulo..)

sak umpamanipun kecatet kagem kulo dados semah kulo/pasangan kulo daupaken atinipun tiyang meniko kaliyan kulo..

kulo titip rumaos bingahipun bathos meniko seselanipun, supayanipun sesarengan manah kelajengan bebrayan dangu..

Daupaken kito Gusti..

Duh Gusti.. Ingkang MAHA ASIH, asringaken kulo ngelayani gesang meniko wonten pinggiran ayem lan sugeng dangu..

namung bilih Gusti benten takdiripun sanes milik kulo, bektho tebih saking paningalanipun kulo icalaken saking romaos kulo lan dipun ruwat saking roso kuciwo..

Duh Gusti Maha Asih lan Pangerten..

sukani kulo kekiatan, tolak bayanganipun saking dodo langit tebih ical sesarengan awan abrid, kulo kelajengan ayem tentrem tanpo tiyangipun

Duh Gusti Moho Tresno..

Pasrah kulo kaliyan takdir PANJENENGAN..
Sak estunipun takdir PANJENENGAN meniko sae kagem kulo..
Sak estunipun PANJENENGAN Moho mangertos sedoyo saenipun kagem mahkluk PANJENENGAN..

Duh Gusti..

Cekap PANJENENGAN dados penjagi kulo wonten dunyo akherat, mirengaken rintihan hamba meniko ingkang DHOIF..

Ampun dipun tinggalaken kulo piyambakan sepen wonten dunyo lan akherat..
Ampun dijerumusaken ing maksiat lan paringi kulo SEMAH/PASANGAN ingkang sae imanipun..

mbok bilih saged bebrayan jagi lan bina bebrayan ingkang sae wonten dalan ingkang Gusti Ridhoi lan dipun paringi keturunan sholeh lan sholehah..

Duh Gusti…
Sesembahane sing patut disembah dipujo..
Kulo nyuwun ngapuro mergo katah luput lan tumindak olo..
Kulo namun kahanane manungso seng gadah nafsu lan rakuse ndunyo..
kulo mangertos kulo sanes ahli suwargo nanging kulo nggeh mboten kiat wonten ning neroko..

amin..amin ya rabbal' aalamin....




Rahardjo Koko